Rabu, 30 Agustus 2017

Wong Edan Adzan


Ana wong edan mau esuk jam 7 mlebu neng mesjid. Trus munggah mimbar..njupuk mic.
Trus ora suwe wong edane adzan.
Adzane wong edan kuwe nggawe kaget kabeh wong sing krungu...
...Langsung bae sekang bocah cilik tekan wong tua kabeh teka meng mesjid .... Pak RTne ya nganti teka.

Pa RT  : "heh...sapa kue sing nang njero mesjid... Cepet metu.. edan apa adzan jam semene esuk-esuk jam 7".

Wong edan: "enyong... Emange kenangapa masalaeh".


Pa RT  : "Hei kowe edan ya... Adzan jam semene... gawe isin bae..."

Wong edan: "hah.. pikir sit yaa.. sing edan kowe kabeh udu enyong...

Pak RTne kesuh banget karo nggentak..

Pa RT  : "kurang ajar kowe ngomong enyong edan".

Wong edan  : "ya iya mbok.. jal mikir.. kowe kabeh sing pada teka mengeneh sing edan.

Kabeh wong sing teka dadi bingung.

Pa RT.  : "Dasar wong edan kowe.. maksude kepriwe".

Wong edan : "ndeleng dipikir dewek.. lah mau nek jam stengah lima subuh.. krungu adzan.. sing kudune kowe kabeh teka meng mesjid.. ehh malah ora ana sing teka babar blas. Iyaa mbok..
Nah nek siki enyong adzan jam 7 esuk malah kabeh pada teka meng mesjid. Jal siki sapa sing edan..

Pa RTne karo wong wong sing teka pada meneng kabeh. Trus pada bubar dewek-dewek..

Sing beragama Islam..Sing pd Waras..
ngesuk subuh pada meng mesjid yahhh....Barokallah..😀😀😀🙏🏻🙏🏻👍🏻👍🏻

Tidak ada komentar:

Posting Komentar